LIHAT WEBSITE INI DALAM VERSI BAHASA INDONESIA KLIK AJA DI SINI

SUGENG RAWUH DATENG KACAMAYA BASA JAWI SMA 2 WONOSOBO RINONCÉ DÉNING SETYA AMRIH PRASAJA,S.S.MINANGKA SARANA PIWULANGAN BASA JAWI LUMANTAR INTERNET,LAN ING WASANA MUGI WONTEN GINANIPUN.www.smada-zobo.jimdo.com

 

NGANGSU TOYA APIKULAN WARIH, AMÈT GENI ADEDAMAR

SUGENG RAWUH

 

 Para kadhang Siswa Pawiyatan Madya Inggil 2 Wanasaba (SMA 2 WONOSOBO), salebeting Kaca Maya Basa Jawi SMA 2 Wonosobo punika, mugi saged minangka papan panggulawenthah bab basa, sastra, aksara tuwin kabudayan Jawi ingkang adiluhung punika.Lan bok bilih ing mangké anggèn kula nyawisaken wujuding kaca maya punika taksih kathah kekiranganipun kula tansah nyadhong rumentahing samudra sih pangaksami, ing wasana sugeng mriksani lan mugiya rahayu ingkang samya pinanggih. nuwun

Setya Amrih Prasaja,S.S.Setya Amrih Prasaja,S.S.

Ana kidung rumeksa ing wengi

Teguh hayu luputa ing lara

          Luputa bilahi kabèh

Jim sétan datan purun

Paneluhan tan ana wani

 

          Miwah panggawé ala 

Gunaning wong luput

Geni atemahan tirta

Maling adoh tan ana ngarah ing mami

Guna duduk pan sirna

 

    Puji Pangastuti wonten ngarsa Dalem Gusti Ingkang Akarya Jagad, ingkang tansah paring Kasarasan tuwin karaharjan, kaca maya basa Jawi punika kula serat sayektosipun minangka kanggé marsudi murih tansah ngrembakanipun basa Jawi, mirungganipun salebeting Piwucalan Basa Jawi ing SMA 2 Wonosobo. mila wujudipun namung prasaja sakwontenipun kados mekaten, mugi wonten ginanipun maturnuwun.

Admin Setya Amrih Prasaja,S.S.

Email : webmaster@smadasobo.zzn.com

©1942 AJ - 2009 M

 

AYO SINAU NULIS MACA AKSARA JAWA

FONOLOGI BAHASA JAWA
Widya aksara Jawa
PARAMABASA JAWA.pdf
Adobe Acrobat Document [183.9 KB]

ing nginggil kalawau sakperangan bab aksara Jawa, menawi wonten ingkang ngersakaken artikel ingkang wonten gegayutanipun kaliyan  aksara Jawa saged sesambetan lumantar buku tamu utawi pinarak mlebet ing kaca UNDUHAN.

 

 

SASTRA NUSANTARA

PAWIYATAN LUHUR GADJAH MADA / GADJAH MADA UNIVERSITY

Gedung Pusat UGM Gedung Pusat UGM

 

    Kathah ingkang dèrèng uninga bilih ing salah satunggaling Fakultas Ilmu Budaya (rumiyin Fakultas Sastra) Universitas Gadjah Mada, wonten jurusan ingkang nyinaoni bab Sastra Jawa, jurusan ingkang nyinaoni sastra Jawa punika rumiyin asmanipun Sastra Nusantara lajeng ewah dados Jurusan Sastra Daerah untuk Sastra Jawa, lan lajeng sakpunika wangsul malih dados jurusan Sastra Nusantara, sinaosa asamanipun jurusan Sastra Nusantara nanging sayektosipun isining pawiyatan mirunggan nyinaoni bab Sastra Jawa sak-ubarampénipun.

    Awit saking kawontenan punika kathah ing ngatasipun bebrayan ageng kepara malah Instansi Pamaréntah ingkang boten mangertosi bab punika, nama jamak limrah menawi bebrayan ageng boten pirsa, nanging menawi instansi Pamaréntah kok boten mangertosi bab punika rak kebongeden eh…kebangeten saestu. Ning nyatanipun bab mekaten kathah kalampah…BKD (Badan Kepegawaian Daerah) ingkang boten nunsèwu MUDHENG nalika mrangguli utawi manggihi wontenipun ijasah Sastra Nusantara ing antaranipun para pelamar kerja ingkang mbetahaken sarjana Sastra Jawa….èh pancèn wis wolak – waliking Jaman. ning nyatanipun kula rumiyin nggih ngangsu kawruh bab Sastra Jawa wonten papan punika..

KOMOENITAS ROEMAH HANTOE SENDOWO D-77

Komoenitas Roemah Hantoe Komoenitas Roemah Hantoe

 

    Komunitas Rumah Hantu, mangkono tembungé wong kampung Sendowo marang bangunan omah joglo ing Blok D-77 sing wis rada tua umuré, omah tua iki digawé papan manggon para kanca - kanca mahasiswa Fakultas Sastra (Ilmu Budaya), Universitas Gadjah Mada, ana sing jurusan Sastra Nusantara (Jawa) kalebu "enyong", lan Sastra Perancis, Sastra Indonesia, D-3 Pariwisata. lan para dedengkoté "SASTRO MOENI" ya sregep nongkrong nang Rumah Hantu apamanèh nèk malem minggu...wah kebak bocah padha ngumpul sesama JOMBLO nangkéné, maklum sing manggon nang Rumah Hantu JOMBLO kabèh.....(isih mikir kuliah ndisik...rung sempat pacaran).

           Foto nduwur kuwi, foto Rumah Hantu bagian mburi lan sing lungguh ndodok gondrong kuwi "enyong"jaman dadi mahasiswa sastra Jawa UGM rambute isih gondrong ta ?,....ning kuwi mbiyen nèk saiki ya.....ora bisa mengko ndak disenèni.....lan ditiru murid - muridku

 

héhéhéhéhé...........

Wah dadi kèlingan jaman biyèn,.........

Abdi Dalem Kraton Ngayogyakarta Abdi Dalem Kraton Ngayogyakarta

 

Jaman Nalika kuliah biyèn isih seneng dolan nang kraton karo kanca - kanca UKM SWAGAYUGAMA (tari) UGM, cara - carané nyoba nganggo  sandhangan abdi dalem kraton Ngayogyakarta Hadiningrat.

SIAPA BERANI SIAPA BERANI

Foto Bareng Helmi Yahya lan Alya Rohali nang Studio INDOSIAR bar mèlu acara KUIS SIAPA BERANI mungsuh, UNS, ITB lan IPB........ning sayangé sing menang IPB....hiks....hiks......

ngabei setya susastrangabei setya susastra

Sing sapa ngajèni wong liya mesti bakalé diajèni déning wong liya, dadi wong kuwi sing sumèlèh lan AJA DUMEH,....ngertènana sangkan paraning dumadi, awit manungsa tinitah saka ana mesti bakal bali ora ana. Aja pisan - pisan wani karo wong tua lan para Guru - gurumu,...AJA RUMANGSA BISA, NANGING BISAA RUMANGSA. Suradirajayaningrat Lebur Déning Pangastuti.